PAK BABINSA
Allohu akbar... Allohu akbar....
Suara adzan shubuh tansah krungu jelas ing kuping, aku banjur tangi saka amben
lan langsung siap siap mangkat ing musholla. Wektu iku hawane adem, saengga
wong wong padha nggawe jaket menyang musholla. Sawise njupuk wudhu, aku
langsung melbu lan lungguh anteng ngenteni kumandange iqamah. Ora let suwe,
marbot ngumandangake iqamah lan akhire sholat shubuh dimulai kanthi khusyuk.
Sumber : Detik News |
Jenengku Suparjo, ora Brigjend
Supardjo sing pentolane PKI iku lo yo. Status K2 utowo keluarga anak dua.
Pangkatku sersan kepala lan saiki dines ing Koramil Sedayu sebagai Babinsa
{Bintara Bina Desa} Desa Sidomukti, Yogyakarta. Sadurunge dines ing koramil,
aku tau dines ing Batalyon Infantri 438 Yogyakarta sebagai instruktur
persenjataan. Nanging saiki wis arep memasuki masa persiapan pensiun {MPP},
saengga dinesku dipindah menyang Koramil Sedayu. Dadi babinsa ora segampang
sing dipikirke, awak dewe kudu siap mental lan biso luluh marang kabeh wong.
Sing biasane nyekel senjata, saiki kudu bisa nyekel omongan lan kepercayaane
wong.
Sawise sholat shubuh, aku bali
menyang omah. Ing omah aku bersih diri lan siap siap budal menyang koramil. Seragam
loreng lan baret wis siap, sing durung siap yaiku sarapane... wkwkwk. Nalika
aku arep njupuk sega, bojoku teka kanthi ngomong.
“Pak, berase
wis entek ki lo....” Bojoku nduduhno karung beras sing wis kosong.
“Entek yo
masak neh.... ngunu bae susah...” Jareku kanti senyum.
“Pak, mbok
yo ojo guyon to. Sampeyan pikir awak dewe dipakani watu ta?” Bojoku
setengah ngegas.
“Yo sabar
toh buk... maklum, tanggal tuwa. Wong wong koramil yo urung podo gajian.”
Aku lungguh lan mangan masakane bojoku.
“Tenan
kie.....” Jare bojoku setengah ora percoyo.
“Iyo
tenan......” Ucapku karo menghela nafas.
Sawise sarapan, aku pamitan
marang bojoku. Aku janji menowo ora let suwi tekan saiki tentara arep podo
gajian. Sawise pamitan, aku langsung budhal menyang koramil nitih sepeda honda
win sing teramat legendaris, masio mesin e wes bobrok kabeh.... wkwkwk. Akhire
aku tekan ing koramil, kaya biasane aku langsung ngisi daftar hadir lan ngurusi
sawentara dokumen dokumen desa. Dokumen iki rencanane arep diserahno ing deso
sebagai monitoring data warga sing wis vaksinasi. Sawise dokumen iku mari
diurus, aku langsung ngirim dokumen iku menyang Kantor Desa Sidomukti.
Sumber : Pixabay |
Jarak tekan Koramil Sedayu lan
Kantor Desa Sidomukti lumayan cekak, kiro kiro mung 3 kilometer. Sangga wektu
sing diperluno menyang Desa Sidomukti ora suwe. Aku teka ing Kantor Desa, ing
kono aku nyerahno dokumen marang Kepala Desa supaya disampeake marang wargane.
Sawise iku, aku banjur ngobrol ngobrol lan ngopi karo Pak Kades.
“Piye kabare
sampean? Apik apik wae toh...” Takon Pak Kades.
“Alhamdulillah
apik kok pak, njenengan nggih sae? Sapi njenengan tasik sae?” Takonku.
“Hohoho...
Yo apik to mas. Kok malah takon sapi iki piye toh....” Pak Kades sumringah.
“Anu Pak,
mengke njenengan sosialisasiaken menawi peningnya vaksinasi covid.” Jareku
sambi nunjuk dokumen mau.
“Ooo....
nggih.” Pak Kades mantuk mantuk.
“Pun pak,
kula bade patroli ten sekitar.” Aku ngadeg saka kursi.
“Lo... kok
kesusu susu ae to.” Jare Pak Kades kaget.
Sawise pamitan marang Pak Kades,
aku mutusno gawe patroli ing Desa Sidamukti. Dadi babinsa ora afdhal yen ora
patroli lan ndeleng wargane beraktivitas. Nalika patroli, ujug ujug aku disapa
karo Mbak Mina sing terkenal rempong sakdesa. Aku marani wong iku kanggo nakoni
wis vaksin opo durung. Menowo durung, bisa tak bantu administrasi lan
registrasine.
“Pak
babin.... mampir pak.” Sapa Mbak Mina.
“Eh Mbak
Mina.... piye kabare mbak?” Aku mulai nyedek marang Mbak Mina.
“Alhamdulillah
apik bae, njenengan tambah lemu ae pak.” Bujuk Mbak Mina.
“Hahahaha...
Sampean iki iso ae mbak. Piye? Sampean wis vaksin opo durung?” Takonku.
“Waduh pak...
Mina isih jereh disuntik.” Mbak Mina langsung mbesengut.
“Wah....
Sayang iki, minggu ngarep melu o vaksinasi ing Balai desa.” Jareku.
“Yowis,
tapi Mina bakal vaksin yen ana duwite.” Mbak Mina langsung cengengesan.
“Hadeh....
kelakuanmu panggah wae toh, nyoh kie gawe tuku Iphone 13.” Jareku sambi
wenehi duwit seket ewu rupiah menyang Mbak Mina.
“Yo ora
cukup no gawe tuku Iphone 13, tapi ora popolah. Matur nuwun Pak Babin.”
Mbak Mina mesam mesem kaya wong edan.
Nalika omong omongan aro Mbak
Mina, pandanganku katuju marang sesuatu ing ono mburine pager omahe Mbak Mina. Sawise
tak amati kanthi gemati, rupane iku maryono sing berusaha ngerungokake
pembicaraanku karo Mbak Mina. Gayane kaya nginceng wong adus bae sok sokan
nguntit pembicaraane wong. Amarga terus diuntit, aku langsung nyedaki pagere
Mbak Mina. Nanging sayange Maryono langsung kabur nalika tak parani.
“Ono opo
to pak?” Takon Mbak Mina.
“Iku lo,
Mau ono Maryono kang nguping omongane awak dewe. Mbuh nyapo wonge?” Jawabku
sambi ndeleng situasi pager.
“Yowes
dijarke pak, wong ngono iku mesti sirik marang tonggone. hahaha” Mbak Mina
guyu kemekel.
Ora suwe tekan iku, ujug ujug ono
Pak RW kang lagi mlayu. Wonge katon cemas kaya ono sesuatu sing terjadi.
Sebagai babinsa awak dewe kudu mesti tanggep lan peka tumrap wargane. Aku
berusaha marani wonge, barangkali aku bisa nyelesaike masalah sing saiki lagi
dihadapi.
“Assalamualaikum
Pak RW. Ono opo to pak kok njenengan mlayu mlayu?” Takonku marang Pak RW.
“Eh...
kebetulan enten Pak Babin. Niku pak, warga kula enten tukar padhu soal urusan
tanah. Pak Babin saged misah warga kula?” Takon Pak RW cemas.
“Waduh,
ayo pak. Kandanono aku ing ngendi tukar padu iku.” Aku panik lan langsung
nyetater sepeda dinasku.
Kanthi perasaaan cemas lan was
was, aku langsung nusuri dalan menyang wilayahe Pak RW. Aku kudu ndang misah
warga sing tukar padhu kuwi, amarga masalah tanah iku masalah vital lan bisa
medot tali sillaturahmi warga. Sawentara iku, Pak RW berusaha ndudohi dalan
menyang tempat kejadian. Akhire awak dewe teka ing tempat kejadian. Warga warga
pada ngumpul kaya ono dangdutan ing dacerah kuwi, padahal alie yo mung tukar
padu. Warga iki aneh kok, ono wong tukar padu ora dipisah malah dideleng bae.
Sawise markir sepeda, aku
langsung melboni salah sijining omah warga sing tukar padu mau. Tekan njaba wis
krungu menowo wong ing njero pada tukar padu. Aku langsung nemoni kedua belah
pihak lan langsung njaluk keterangan gawe mutusno masalah.
“Kudune
batese iku nganti kali.....” Jare warga.
“Ora iso,
wingi ing pinggir kali wis tak duwiti kok. Ojo ngaku ngaku we iku tanahmu.”
Eyel warga sijine. Malah wong iku arep ngantem salah sijine warga.
“Sek sek,
Ono opo to iki.” Aku langsung lungguh ing antarane wong loro iku mau.
“Iki lo Pak
Babin, wong iku ngakoni menowo tanah ing pinggir kali iku duweke. Padahal wingi
wis tak duwiti karo keluargane wong iki.” Jelas warga sing ngeyel mau.
“Tapi lo Pak
Babin, aku ora weruh menowo tanah kuwi wis diduwiti.” Bantah warga sijine.
“Yowis, ojo
tukar padu. Saiki samean nggowo kuitansi tanah iku lan langsung marani pejabat
tanah ing balai desa.” Jareku nyelesaike masalah.
“Tapi kan
Pak Babin.....” Bantah wong sing ngeyel iku mau.
“Wis ora
usah tapi tapian, sing jelas pejabat tanah kuwi mesti weruh iki tanahe sopo,
iku tanahe sopo wis diduwiti opo durung. Wis ndangan budhal menyang balai desa
nemoni pejabat tanah.” Aku ngucap iiku kanthi teges.
Sawise iku, keloro wong mau
banjur budhal menyang balai desa kanggo nemoni pejabat tanah. Masalah tanah
kuwi masalah sing vital, apalagi masalah iku nganti nyangkut paut sedulurn
utowo tanah wakaf, bakal ruwet maneh masalahe. Pak RW ngucapno matur nuwun
menyang aku amarga wis direwangi misah tukar padu iku mau. Aku senyum lan
njelasno menowo dadi babinsa memang kudu kaya ngono, kudu pinter pinter ngayomi
wargane.
Ora suwe tekan iku, ujug ujug
bojoku teko ing omah iku. Bojoku teka kanthi wajah mbesengut lan kaya muring
muring. Ing sisihe ono Maryono sing mau nguping pembicaraanku karo Mbak Mina.
Aku wis ngeroso ora enak, banjur aku takoni nyapo bojoku teko mrene.
“Buk,
sampeyan nyapo mrene?” Takonku.
“Pak,
sampeyan iku yo. Anak bojo ing omah podo ora mangan, deweke sibuk selingkuh.” Bojoku
nesu karo mecucu.
“Astagfirullah,
sopo sing koyok ngono? Ndi buktine?” Takonku kaget.
“Maryono
saksine.” Bojoku mara nuding Maryono.
“Betul se
pak, njenengan mau ngucap sayang lan wenehi duwit marang Mbak Mina.” Jare
Maryono.
“Ngawur
lambemu...... iku ngono aku ngejak Mbak Mina vaksinasi. Yen ora percoyo takono
bae Mbak Mina.” Jareku teges.
“Bener iku
pak?” Takon bojoku.
“Iyo...
Bapak wani sumpah yen bapak ora selingkuh karo Mbak Mina. Iki lambene Maryono
lamis tenan.” Jareku teges.
“Ohhh..
vaksinasi toh, ngapunten pak. Kula mboten ngertos perihal iku.” Jare
Maryono kanthi melas melas ing ngarepku.
“Ora iso,
kowe iki wis ngisin ngisini aku. Push up 50 kali.” Jareku teges.
“SIAP PAK,
NGAPUNTEN” Maryono banjur ngelakoni Push up.
“Sampean iku
lucu pak....” Pak RW senyam senyum marang aku.
“Lucu
piye.....” Takonku.
“Bisa nyelesaike
masalah ing kampung masi ono masalah karo bojo.” Pak RW guyu kemekel.
“Wis biasa
iku pak, pokoke nganthi Ibu negara muring muring, dunia iso ajur... hahahah.”
Aku uga ngguyu kemekel.
Desa Sidomukti akhire rukun
kembali, wis dadi tugase babinsa minangka jaga kerukunan warga desa. Nanging
para aparat ora sadar bahwa ana sing lebih penting diutamakan kerukunane. Yaiku
komunikasi lan hubungan baik antar anggota keluarga.
RAMPUNG
0 Comments